Jabur 65:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka,Paduka ingkang apaningset karosan;

8. Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten,sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!

9. Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka;papan jumedhulipun enjing tuwin sonten,Paduka damel asurak-surak.

10. Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan,kalenipun Gusti Allah peres toyanipun,gandumipun Paduka cawisaken,inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:

11. Aluranipun Paduka elebi toya,prongkalanipun Paduka telesi,Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah,tetuwuhanipun Paduka berkahi.

12. Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka,tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.

13. Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun,pareden-pareden sami abingah-bingah,

14. pangenan-pangenan sami kebak menda gembel,lebak-lebak sami kinemulan gandum,samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung.

Jabur 65