6. Dhuh Allah Pamarta kawula,Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi,dalasan pulo ingkang tebih-tebih;kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sangetsaha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.
7. Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka,Paduka ingkang apaningset karosan;
8. Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten,sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!
9. Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka;papan jumedhulipun enjing tuwin sonten,Paduka damel asurak-surak.
10. Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan,kalenipun Gusti Allah peres toyanipun,gandumipun Paduka cawisaken,inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:
11. Aluranipun Paduka elebi toya,prongkalanipun Paduka telesi,Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah,tetuwuhanipun Paduka berkahi.
12. Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka,tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.