1. Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.
2. Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion,sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.
3. Paduka ingkang midhangetaken pandonga.Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka
4. amargi kalepatan.Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula,Paduka ingkang nglebur.
5. Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak,supados manggen wonten ing plataran Paduka!Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka,inggih kadhaton Paduka ingkang suci.
6. Dhuh Allah Pamarta kawula,Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi,dalasan pulo ingkang tebih-tebih;kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sangetsaha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.
7. Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka,Paduka ingkang apaningset karosan;