Jabur 64:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang,sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah,

5. ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan,dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa.

6. Sami nekad nindakaken duraka,sami sarembag masang kala ing pasingidan,sarta ngucap: “Sapa kang weruh?”

7. Sami ngangen-angen tindak culika:“Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.”Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika!

8. Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika;dumadakan sami ketaton.

Jabur 64