8. Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku;peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.
9. He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane,sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane,Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah)
10. Satemene wong asor iku mung angin,para wong kang mulya iku mung pagorohan;yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur,amarga luwih entheng katimbang angin.
11. Aja ngandel marang panindhesan,aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan;manawa mundhak bandhamu,atimu aja rumaket mrono.
12. Gusti Allah ngandika sapisan,rong prakara kang dakrungu,manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah,
13. saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka;amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun.