Jabur 62:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong,arep kokremuk, he kowe kabeh,kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?

5. Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur,padha dhemen goroh,cangkeme padha ngucapake berkah,nanging batine padha ngipat-ipati. (Selah)

6. Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah,amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane.

7. Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.

8. Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku;peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.

Jabur 62