Jabur 61:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Binarung swaraning clempung. Anggitane Prabu Dawud.

2. Dhuh Allah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula,pandonga kawula mugi katilingna!

3. Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka,amargi manah kawula lesu nglentrih,Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula.

4. Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula,menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah.

Jabur 61