Jabur 59:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Kawula mugi kauwalna saking tiyang ingkang sami damel piawon,kaluwarana saking tiyang ingkang sami remen ngwutahaken rah.

4. Amargi tiyang punika saestu sami nyegat ngangkah dhateng nyawa kawula,tiyang prakosa sami nempuh kawula,mangka kawula boten nerak wewaler, kawula boten dosa, dhuh Yehuwah,

5. kawula boten gadhah kalepatan, kok sami mlajeng saha tata-tata.Paduka mugi karsaa ngrawuhi kawula lan karsaa nguningani!

6. Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,Paduka punika Gusti Allahipun Israel.Paduka mugi karsaa wungu paring paukuman dhateng para bangsa;para tiyang ingkang sami nglampahi piawon lan nandukaken kiyanat punika sampun ngantos Paduka welasi! (Selah)

7. Saben sonten sami wangsul malih,sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.

8. Saestu, sami nyemoni kaliyan cangkemipun;panyenyamah dumunung ing lambenipun,sabab -- sinten ingkang mirengaken?

9. Nanging tiyang punika sami Paduka gegujeng, dhuh Yehuwah,sakathahing bangsa sami Paduka poyoki.

10. Dhuh kakiyatan kawula, Paduka ingkang kawula gondheli,amargi Gusti Allah dados kitha beteng kawula.

11. Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane;Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku.

12. Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen,mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka,mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula.

13. Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun,sami kajireta margi saking piyangkuhipun.Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken.

Jabur 59