Jabur 56:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat.

2. Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula,sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput.

3. Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput,malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.

4. Manawi kawula ajrih,kawula punika kumandel dhumateng Paduka;

5. Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana,iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

Jabur 56