14. Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku,kancaku lan wong kang dakpracaya.
15. Aku padha sesrawungan kalawan becik,lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean.
16. Wong iku muga padha kacandhaka ing pati,padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan!Amarga omahe malah batine kadunungan piala.
17. Nanging aku nyebut marang Gusti Allah,sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.
18. Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis;Pangeran banjur miyarsakake swaraku.
19. Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentremsaka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku.
20. Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula,bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. (Selah)Amarga padha ajeg bae,sarta padha ora wedi marang Gusti Allah.
21. Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun,amarga nerak prajanjiane.
22. Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega,nanging karepe arep nempuh perang;alusing tembunge ngluwihi lenga,nanging sakabehing mau pedhang ligan.
23. Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,temah kowe mesthi direksa!Pangeran ora marengake,yen wong mursid gloyoran ing salawase.