1. Kanggo lurah pasindhen.Binarung ing swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud,
2. rikala wong ing Zifi padha seba marang ing ngarsane Prabu Saul lan munjuk: “Dawud ndhelik wonten ing panggenan kawula.”
3. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mitulungi kawula margi saking asma Paduka,kawula mugi Paduka paringi kaadilan margi saking kasantosan Paduka.
4. Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula,sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula.