Jabur 5:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen binarung swaraning suling.Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.

3. Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan,amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.

4. Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka,sarta kawula ngantos-antos.

5. Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka,tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.

6. Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka,Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.

7. Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara,Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.

Jabur 5