1. Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
2. He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka,padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!
3. Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi,sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.
4. Para bangsa padha ditelukake marang kita,sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.