Jabur 46:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.

2. Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita,nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.

3. Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;

4. sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)

5. Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,padalemane Kang Mahaluhur.

6. Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.

7. Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing,Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.

8. Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah)

Jabur 46