Jabur 46:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.

2. Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita,nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.

3. Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;

4. sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)

5. Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,padalemane Kang Mahaluhur.

6. Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.

7. Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing,Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.

Jabur 46