Jabur 44:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.

2. Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak,saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula,bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun,inggih kala jaman kina.

3. Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka,nanging para leluhur sami Paduka tanem,suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara,nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.

4. Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari,sanes tanganipun ingkang murugaken unggul,nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka,sabab sami damel rena Paduka.

5. Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula,ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.

6. Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah,sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.

7. Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken,sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,

8. nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah,saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.

Jabur 44