Jabur 41:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”

10. Dalah mitraku kang dakpracaya,kang kembul mangan karo aku,iku uga ngethungake tungkake marang aku.

11. Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula,kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika.

12. Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula,punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.

Jabur 41