Jabur 38:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas,saha mripat kawula koncatan sunaripun.

12. Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula,saha sanak-sadherek kawula sami nebih.

13. Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret,ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula,saha saben dinten ngrancang paekan.

14. Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng,lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.

15. Malah kados tiyang ingkang boten mireng,lan cangkemipun boten saged mabeni.

16. Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah;Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.

17. Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula,sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran!”

18. Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung,saha kawula tansah karidhu ing sakit.

19. Dene kawula ngakeni kalepatan kawula,kawula melang-melang margi saking dosa kawula.

20. Mengsah kawula kathah sanget,tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;

21. tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula,sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan.

22. Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula,sampun nebihi kawula.

23. Mugi enggala mitulungi kawula,dhuh Pangeran, Pamarta kawula!

Jabur 38