Jabur 38:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan.

2. Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka,sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka;

3. amargi kawula ketaman ing panah Paduka,asta Paduka sampun ndhawahi kawula.

4. Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka,balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;

5. amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawulasadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.

6. Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanahmargi saking bodho kawula.

7. Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget;sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.

8. Bangkekan kawula kebak tatu,saha daging kawula boten wonten ingkang wetah;

9. kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan,kawula asesambat amargi manah kawula trataban.

10. Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula,sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.

11. Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas,saha mripat kawula koncatan sunaripun.

12. Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula,saha sanak-sadherek kawula sami nebih.

13. Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret,ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula,saha saben dinten ngrancang paekan.

Jabur 38