23. Jangkahe wong dikukuhake dening Pangeran Yehuwah,anggere lakune wong mau dadi keparenge Pangeran;
24. samangsa tiba ora nganti gumuling,amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane.
25. Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa,aku durung tau nyumurupi wong mursid kategakake,utawa anak-putune padha luru-luru pangan;
26. saben dina nandukake kawelasan lan ngutangi,sarta anak-putune padha dadi berkah.
27. Ngedohana marang piala sarta nglakonana kabecikan,temah pamanggonmu lestari ing salawas-lawase;
28. amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan,lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan.Malah padha direksa ing salawase,nanging para turune wong duraka padha ditumpes.
29. Para wong mursid padha oleh warisan bumilan tansah manggon ing kono.
30. Cangkeme wong mursid iku medharake kawicaksanan,sarta ilate ngucapake kaadilan.
31. Angger-anggering Allahe ana ing batine,lakune ora sleyoran.
32. Wong duraka ndingkik marang wong mursidngarah patine;
33. nanging ora diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane,Panjenengane ora bakal kendel bae samangsa dheweke diadili kaanggep duraka.
34. Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine,satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi,sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes.