1. Anggitane Prabu Dawud.Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala,aja meri marang wong kang culika;
2. amarga iku enggal bakal padha layu kaya suket,utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo.
3. Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan,tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,
4. lan bungaha marga saka Sang Yehuwah,dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.
5. Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandela marang Panjenengane,Panjenengane kang bakal tumindak.
6. Panjenengane bakal mbabarake kebeneran mau kaya pepadhang,sarta wewenangmu kaya raina.
7. Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah,aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe,sarta marga saka wong kang nglakoni culika.
8. Biraten nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku,aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.
9. Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes,nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwahiku bakal padha oleh warisan bumi.
10. Awit wektune mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna;sarta tilas panggonane bae yen kokgatekake iya wus ora ana maneh.