1. Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah.
2. Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine;ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,
3. sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe,nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.
4. Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan,wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.