Jabur 35:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit,kawula mangangge bagor,kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam,tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,

14. kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit,kados makaten tangkep kawula;kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun,lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor.

15. Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak,sami nggrombol nglawan kawula;tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula,sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;

16. anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila,klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.

17. Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon?Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika,sarta saking singa-singa enem!

18. Kawula lajeng badhe ngidungaken panuwun dhateng Paduka wonten ing pasamuwan agung,Paduka badhe kawula luhuraken wonten ing satengahing rakyat kathah.

Jabur 35