Jabur 34:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. He para bocah, padha ngrungokna pituturku,kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.

13. Sapa kang seneng urip,kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?

14. Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung alasarta lambemu aja ngucapake kang cidra;

15. ngedohana piala, nglakonana kang becik,ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!

16. Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid,sarta talingane midhangetake ing pasambate;

17. wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala,supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.

Jabur 34