Jabur 34:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles.

2. Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase;pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku.

3. Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya;wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.

4. Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku,payo padha bebarengan nyuwurake asmane!

5. Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan,sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku.

6. Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah,ulatmu mesthi bakal padha dibingarake,sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.

7. Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah;sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.

8. Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane,sarta padha kaluwaran.

9. Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku!Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!

10. He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah,wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.

Jabur 34