Jabur 31:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,

9. saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.

10. Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.

11. Amargi gesang kawula katedha ing kasisahansaha tauning umur kawula sami telas dening pangesah;kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,sarta balung kawula sami gopok.

12. Kawula dados cecampahaning mengsah kawula,lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula,punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula;tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.

13. Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah,kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.

Jabur 31