Jabur 31:3-9 Kitab Sutji (JAV)

3. Paduka mugi nilingna dhateng kawula,karsaa enggal paring wangsulan!Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula,beteng santosa ingkang mitulungi kawula!

4. Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula,kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka.

5. Paduka badhe ngluwari kawula saking kala,ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula,amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.

6. Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka;dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.

7. Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.

8. Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,

9. saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.

Jabur 31