Jabur 30:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula luhuraken,amargi Paduka sampun ngentas kawula,saha boten marengaken manawi mengsah kawula sami bingah margi saking kawula.

3. Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka,lajeng Paduka sarasaken.

4. Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan,Paduka nggesangaken kawulawonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.

5. Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi,sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!

6. Amarga bebendune mung sadhela,nanging kamirahane tetep ing salawase urip;ing wayah bengi ana panangis,ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak.

7. Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula:“Aku ora bakal gloyoran salawase!”

8. Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan,kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa;nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget.

9. Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:

10. “Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah,manawi kawula mandhap dhateng ing kubur?Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Padukasarta martosaken kasetyan Paduka?

Jabur 30