1. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom.
2. Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula,kathah tiyang ingkang nglawan kawula;
3. kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten:“Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)
4. Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula,Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.
5. Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah,banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)
6. Aku leyeh-leyeh banjur turu;aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.
7. Aku ora wedi marang bala leksan,kang arep ngepung aku.