Jabur 28:7-9 Kitab Sutji (JAV)

7. Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku,atiku kumandel marang Panjenengane.Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah,sarta aku ngunjukake panuwunmarang Panjenengane kalawan kekidungan.

8. Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate,Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!

9. Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak,mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.

Jabur 28