5. Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah,sarta apa kang katindakake dening astane,mulane bakal padha katibakakelan ora ditangekake maneh.
6. Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakakeswaraning pasambatku.
7. Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku,atiku kumandel marang Panjenengane.Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah,sarta aku ngunjukake panuwunmarang Panjenengane kalawan kekidungan.
8. Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate,Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!
9. Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak,mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.