Jabur 28:2-5 Kitab Sutji (JAV)

2. Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula,manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung,tuwin njunjung tangan kawulangener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.

3. Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka,utawi ingkang nglampahi awon,ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun,nanging manahipun kebak piawon.

4. Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun,saha manut pratingkahipun ingkang awon;mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipunsarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.

5. Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah,sarta apa kang katindakake dening astane,mulane bakal padha katibakakelan ora ditangekake maneh.

Jabur 28