Jabur 25:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka,sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.

5. Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang,amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula;Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.

6. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka,awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.

7. Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nemtuwin dhateng duraka kawula,nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka,margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.

8. Sang Yehuwah iku becik lan adil,mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan.

9. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran,wong kang lembah manah padha ditedahi margine.

10. Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabenerantumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.

11. Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah,mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng.

12. Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah?Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.

13. Wong iku dhewe bakal tetep ana ing kabegjan,sarta turune bakal oleh warisan bumi.

Jabur 25