Jabur 25:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawula angkat dhumateng ing ngarsa Paduka.

2. Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka,mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang;mengsah kawula sampun ngantos sami bingah-bingah margi saking kawula.

3. Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan;nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang.

4. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka,sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.

5. Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang,amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula;Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.

Jabur 25