Jabur 24:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane,ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)

7. He gapura, padha dhuwurna pucakmu.He lawang langgeng, padha kangkata,supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!

8. “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”“Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa,Sang Yehuwah prakosa ing prang!”

9. He gapura, padha dhuwurna pucakmu,he lawang kawak padha kangkata,supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!”

10. “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”“Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra,Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah)

Jabur 24