Jabur 24:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Prabu Dawud.Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah,mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.

2. Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segaraditetepake tumumpang ing kali-kali.

3. “Sapa kang kepareng munggah ing gununge Sang Yehuwah?Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?”

4. “Wong kang resik tangane lan suci atine,kang ora masrahake nyawane marang kaculikan,lan ora nglairake sumpah goroh.

5. Iku bakal kaparingan berkah dening Sang Yehuwah,sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone.

6. Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane,ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)

Jabur 24