7. Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
8. Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya,kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:
9. “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
10. Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba;Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
11. Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka,wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula,Paduka dados Allah kawula.
12. Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula,amargi kasisahan sampun celak,mangka boten wonten ingkang mitulungi.
13. Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;
14. anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawulaprasasat singa ingkang nubruk lan nggero.
15. Kawula ingesokaken kados toya,sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;manah kawula kados lilin,leleh wonten ing batos kawula;
16. kakiyatan kawula garing kados beling,ilat kawula kraket ing cethak kawula,sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.
17. Amargi kawula karubung ing segawon,grombolaning durjana ngepang kawula,sami nyuduki tangan saha suku kawula.
18. Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
19. Sandhangan kawula sami dipun dumdum,saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.