7. Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
8. Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya,kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:
9. “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
10. Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba;Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
11. Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka,wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula,Paduka dados Allah kawula.
12. Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula,amargi kasisahan sampun celak,mangka boten wonten ingkang mitulungi.
13. Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;