1. Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2. Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken?Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.
3. Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat,nanging Paduka boten paring wangsulan,ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.
4. Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggahing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.
5. Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka;sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari;
6. Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken;sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.
7. Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
8. Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya,kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten: