Jabur 20:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem,sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula,Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem.

7. Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi,lan paring wangsulan saka ing swargane kang sucikalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.

8. Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane,nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.

9. Wong iku padha ambruk, padha tiba,nanging aku padha ngadeg jejeg.

10. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu!Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk!

Jabur 20