Jabur 18:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing,sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter,amarga saka mulad-mulading bebendune.

9. Kukus kumelun saka ing granane,saka ing tutuke medal geni kang memangsa,mawa mengangah metu saka ing Panjenengane.

10. Langit ditiyungake, nuli tumedhak,mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane.

11. Panjenengane nitih Kerub, banjur maburlan nglayang ana ing swiwining angin.

12. Pepeteng ing sakubenge kadadekake pasingidane,kang dadi tarube:yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel.

13. Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilangbareng karo udan es lan mawa mengangah.

14. Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit,Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

15. Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar,nlorongake bledheg, satrune padha bingung.

16. Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal,saha tetalesing jagad sami kaungkabanamargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah,saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.

17. Panjenengane tumuli mulung astane saka ing ngaluhur,aku banjur diasta,lan kaentasake saka ing banjir.

18. Aku kauwalake saka ingmungsuhku kang rosalan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku,amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.

Jabur 18