Jabur 18:16-30 Kitab Sutji (JAV)

16. Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal,saha tetalesing jagad sami kaungkabanamargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah,saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.

17. Panjenengane tumuli mulung astane saka ing ngaluhur,aku banjur diasta,lan kaentasake saka ing banjir.

18. Aku kauwalake saka ingmungsuhku kang rosalan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku,amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.

19. Iku wus padha nyegat aku ing nalikane aku lagi kacilakan,nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku;

20. Panjenengane nuntun aku metu menyang ing papan kang omber,aku diluwari amarga karenan marang aku.

21. Sang Yehuwah males aku miturut ing kabeneranku,ngganjar aku miturut karesikaning tanganku,

22. amarga aku ngantepi anggonku ngambah ing margining Sang Yehuwah,lan aku ora tumindak duraka marang Allahku.

23. Awit aku nggatekake sakehing angger-anggerelan pranatane ora daklirwakake,

24. saparipolahku tanpa cacad ana ing ngarsane,lan aku tansah ngedohi kaluputan.

25. Mulane aku diwales Sang Yehuwah miturut kabeneranku,iya miturut ing resiking tanganku ana ing ngarsane paningale.

26. Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya,tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.

27. Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci,nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.

28. Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi,nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.

29. Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula;Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.

30. Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan,kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.

Jabur 18