Jabur 16:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.

4. Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng;kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken;namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.

5. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula.Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

6. Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken;siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.

7. Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku;malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.

Jabur 16