9. Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadayasaha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun.
10. Dhuh, Yehuwah, sadaya ingkang Paduka titahaken punika sami badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,sarta para kekasih Paduka badhe sami memuji dhumateng Paduka,
11. sami badhe nyuwuraken kamulyaning karajan Paduka,sarta badhe ngrembag kasantosan Paduka,
12. supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka,kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka.
13. Karajan Paduka punika karajan ingkang langgeng,tuwin peprentahan Paduka punika tetep sumrambah dhateng sadaya anak-putu.Pangeran Yehuwah punika setya ing sadhawuhipunlan kebak sih-kadarman tumrap sakathahing pakaryanipun.
14. Pangeran Yehuwah punika dados tetuwak tumrap sakathahipun tiyang ingkang dhawahlan ingkang njejegaken sakathahing tiyang ingkang tumungkul.
15. Sakathahipun mripat sami ngadhang-adhang dhumateng Paduka,lan inggih sami Paduka paringi tedha ing kala mangsanipun.
16. Paduka ingkang ngegaraken asta Paduka,lan kepareng nuwuki sadaya ingkang gesang.
17. Pangeran Yehuwah iku adil ing satindak-tanduke,sarta kebak sih-kadarman ing sapandamele.
18. Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane,lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya.
19. Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane,dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.
20. Pangeran Yehuwah ngreksa marang sakabehing wong,kang tresna marang Panjenengane, nanging sakehing wong duraka bakal padha ditumpes.