Jabur 144:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna.Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.

7. Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur,kawula mugi kauwalna saha kaluwaranasaking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,

8. ingkang cangkemipun ngucapaken dora,sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.

9. Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal,kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa.

Jabur 144