Jabur 144:12-15 Kitab Sutji (JAV)

12. Mugi-mugi anak-anak kawula jaler sami dadosa tetaneman,ingkang thukul dados ageng ing nalika enemipun,sarta anak-anak kawula estri sami dadosa saka-saka pojokan,ingkang dipun tatahi kangge yeyasan kraton.

13. Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi,menda kawula sami bebranahana dados ewon,dasanan ewon wonten ing pangenan kawula!

14. Lembu-lembu kawula sami sageda wreden,sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron,punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula!

15. Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono!Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah!

Jabur 144