Jabur 144:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku,kang mulang perang tanganku,nggladhi tarung drijiku,

2. kang dadi pangaubanku lan bebetengku,kuthaku kang santosa lan kang ngluwari akutetamengku sarta papan pangungsenku,kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku!

3. Dhuh Yehuwah, manungsa punika punapa ta, dene kok Paduka gatosaken,punapadene anaking manungsa, dene kok Paduka galih?

4. Manungsa punika sami kados angin,dinten-dintenipun kados wewayangan ingkang lumampah.

5. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka,saha lajeng karsaa tumedhak.Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus.

6. Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna.Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.

7. Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur,kawula mugi kauwalna saha kaluwaranasaking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,

8. ingkang cangkemipun ngucapaken dora,sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.

Jabur 144