1. Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,pasambat kawula mugi Paduka tilingaken!Mugi karsaa nyembadani panyuwun kawulaing salebeting kasetyan tuwin kaadilan Paduka!
2. Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika,awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.
3. Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawulasarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti,nglebetaken kawula dhateng ing pepetengkados tiyang ingkang sampun pejah lami.
4. Nyawa kawula nglentrih lemes wonten ing batos kawula,manah kawula legeg-legeg wonten ing badan kawula.
5. Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina,kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka,kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.