Jabur 140:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Tiyang kumingsun kalayan sesidheman sami masangi jiret kawula,tuwin masang tangsul-tangsul kadadosaken jaring,sami masangi kala kawula wonten ing sauruting margi.(Selah)

7. Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah,Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”

8. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula,Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang.

9. Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka,sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. (Selah)

10. Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak,ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.

Jabur 140