Jabur 140:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon,saha Paduka reksaa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya,

3. ingkang sami ngrantam-ngrantam piawon ing salebeting manah,sarta sadinten-dinten nggosok-gosok supados perang!

4. Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer,wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. (Selah)

5. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka,sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula.

Jabur 140